Archive for May, 2006

Cara Menolak Lamaran (Javanesse Style)

Tuesday, May 30th, 2006


Alkisah di sebuah perusahaan besar di kawasan Keprabon, tengah melakukan
beberapa tes wawancara untuk "*tidak*" menerima calon karyawan baru, tentu
saja salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa EJD (Ejaan Jawa yg
nDaksempurna)..

Bagi yang tidak memahaminya nggih nyuwun sewu … Boso Jawi …Meniko
G : Kowe nduwe omah opo ora…..? kamu sudah punya rumah atau
belum?

A : dereng….  belum…..
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene  wah..kamu ndak bisa ketrima di
sini

a : Lho kok ngaten……..?  lho kok begitu…???
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.  Nanti kamu pasti
ngajuin utang ke perusahaan…

a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih. 
ah…ndak kok, sebenernya orang tua saya sudah kaya raya….
G : Yo malah ora ketompo  …..ooo malah ndak ketrima…
a : Lho kok ngaten…..?  lho kok begitu….?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.  Nanti
kamu kerja cuman buat hiburan, cuman nongkrang-nongkrok thok… #@*!

G : Kowe nduwe motor opo ora….?  Kamu punya motor ndak…?
b : Mboten.   ….tidak punya….
G : Ora ketompo  ….Tidak diterima…..
b : Lho kok mboten ketompo ? ….lho kok ndak ketrima…???
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.  …Nanti kamu pasti minta
bantuan kredit…

b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto
ngriki. … Sebenernya punya, cuman masih di kampung, gampang nanti saya
bawa ke sini…

G : Wah malah ra ketompo….  Wah….malah ndak diterima…
b : lho kok ngoten ……..lho kok begitu..???
G : Tempat parkire wis ra cukup.   Tempat parkirnya udah
penuh…..

G : Kowé wis lulus sarjana tenan…..? Bener kamu udah lulus
sarjana?

c : sampun pak….  Sudah, Pak….
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén
mbayarémurah  gak diterima, di sini cari yang cuman lulusan SMA aja,
lebih nurut dan biar bayarnya murah….

c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi   sebenernya saya masih belum
kelar skripsi…

G : Malah ora ketompo…..  lebih ndak diterima…
c : Lho kados pundi to….?   lha gimana sih……?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo
neng perusahaan liyo.   Nanti kamu kerja cuman ngetik skripsi, dan nanti
kalo udah lulus pasti nyari kerja di tempat laen………

G : Kowé seneng guyon opo ora ?  Kamu suka becanda nggak?
d : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé. Tidak, Pak. Saya serius
kalo kerja.

G: Ra ketompo…..  Tidak diterima….
d : waa……kok ngoten?   waa….kok gitu?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.  Nanti
temen-temenmu dan anak buahmu pada stress..

d : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.  Sebenernya ya,
sedikit-sedikit suka becanda….

G: Malah ora ketompo.  Malah ndak diterima….
d : Lho kok……  lho kok..??
G: Engko kowé mung email emailan sing lucu…….  Nanti kamu cuman
e-mail-emailan yang lucu…

G : Kowé mau mréné numpak opo ?  Tadi dateng ke sini naek apa?
e : Nitih mobil … Naik mobil…
G : Kowé ora ketompo  Kamu ndak diterima…
e : Sebabipun ?   sebabnya ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus 
Sekarang BBM naik terus, nanti kamu minta naek gaji terus..

e : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok …. Wo.. tadi saya cuman ngikut
temen, kok…

G : Tambah ora ketompo   makin ndak diterima…
e : Lho, lha kok … ? Lho, lha kok…?
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi ! Nanti cuman
bisanya ngikut mobil kantor…. Ngerepotin!  *&$@!

G : Anakmu akèh opo sithik ?   Anakmu banyak apa sedikit?
f : Kathah pak   banyak, Pak…
G : Kowé ora ketompo   Kamu ndak diterima..
f : Sebabipun ?   Sebabnya..?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus   Kamu
kerja ndak konsen, cuman mikirin bikin anak meluluu…..

f : Lha wong namung anak adopsi, kok.   Lha wong cuman anak adopsi,
kok…

G : Tambah ora ketompo  Makin ndak diterima….
f : Lho, lha kok … ? Lho, lha kok…?
G : Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé  Bikin anak aja
males, apalagi kerja…..

G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?  Kamu dah tahu kerjaanmu
belum?

h : Dèrèng  Belum
G : Kowé ora ketompo  Kamu ndak diterima
h : Sebabipun ?  Sebabnya
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?  Mau kerja kok ndak
tahu kerjaannya…

h : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok  Ooo…kalo kerjaan itu sudah
tahu kok…

G : Tambah ora ketompo  Makin ndak diterima…
h : Lho, lha kok … ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?  Kamu kan cuman mau sok tahu..
kan ???

G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung   Kamu tahu keadaan kantor
ini belum?

k : Dèrèng  Belum
G : Kowé ora ketompo   Gak diterima
k : Sebabipun ?  Sebabnya..?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré ?  Mau kerja kok ndak tahu
kantornya?

k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok   Wah… sedikit-sedikit sudah tahu
kok…..

G : Tambah ora ketompo   Makin ndak diterima
k : Lho, lha kok … ?  Lho…???
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ? Kamu senengnya
ngubek-ubek gosip kantor kan ?

G : Kowé kerep loro ?   Kamu sering sakit?
m : Mboten   Tidak
G : Kowé ora ketompo  kamu ndak diterima
m : Sebabipun ?  Sebabnya?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering  Pasti bakal sering bolos,
lha wong jarang sakit…

m : Wah, sakjanipun nggih asring  Ya..sebenernya ya sering…
G : Tambah ora ketompo Makin ndak diterima….
m : Lho, lha kok … ?  Lho..?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren  di sini ndak mempekerjakan
karyawan penyakitan….

G : Kowé biso main Internét ?   Kamu bisa pake internet?
n : mBoten   Ndak bisa
G : Kowé ora ketompo   Kamu ndak diterima
n : Sebabipun ?   Sebabnya
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)   Di sini ndak nerima orang
BI

n : Wah, sakjanipun nggih saged  Wah…sebenernya sih bisa..
G : Tambah ora ketompo  Makin ndak diterima
n : Lho, lha kok … ?  Lho..?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to?
Ngenték-entekké pulsa !   Pasti bakalan ndak kerja, kebanyakan pake
internet, kan ? ngabisin pulsa!!!!

G : Kowe waras opo ora?  Kamu waras apa tidak ?
o : Lha, kulo nggih waras to Pak.   Lha, saya ya waras dong,
Pak….

G : Ra ketompo…….   Tidak diterima…
o : Kenging nopo …..?  Kenapa?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.  Nanti kamu pasti ndak
krasan di sini….

o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.  Itu dulu, Pak….
sekarang sih sudah rada gila…

G : Malah ra ketompo……   Makin ndak diterima…
o : Pripun to niki….?   Wah..gimana sih?
G : Mengko aku duwe saingan……….  Nanti aku punya saingan…..